KARYA TULIS GIRISUCI




Suluk Lintang Kolo Sekti

LAKUNING TARAKBROTO MITURUT KI LURAH SEMAR BODRONOYO

Oleh: P. Waskito[1]

Sejatine tarakbroto iku okeh wernane, okeh coro carane kang biso dilakokNe,[2] sopo wonge kang biso nglakoni sekabehing tarakbroto kanti ati kang resik, kanti laku kang satuhu, bakal biso nemoni kamulyan kang gede sawabe. Rungokno kanti cipto kang hening, sejatine tarakbroto iku ono limo lakune, kalamunto awakmu biso nglakoni sekabehing tarakbroto kang kasebut sak mangke, awakmu bakal biso dadi wongkang sekti mondroguno jayeng bawono, mulyo donyo akhirat, teguh tankeno pambujuk, bening cipto karso lan rosone.
Tarakbroto sakmangke, ingkang kaping siji kasebut topo geni alias jamasan, ingkang kaping pindo matirtobroto alias topo kungkum, ingkang kaping telu topo angin yoiku dzikir lan wirid daim kanti dalan kayu gung susuhing angin, ingkang kaping papat kudu betah luwe kang kasebut tarakbroto nyegah dahar lan ngombe utawi poso, ingkang kaping limo utawi pamungkas kudu betah melek eleng marang Gusti Kang Akaryo Jagat. Dene jlentrehe utawi lakuning tarakbroto kemau:
1.    Ingkang kaping siji topo geni alias jamasan: tegese, ora nduweni roso wedi marang geni senajanto geni iku panas, topo geni dilakoni kanti dalan patrap jamasan, patrapan sakmangke ono pitung tataran tingkatane. Tataran kaping siji diarani nggugah sedulur papat kelimo pancer, tataran ingkang kaping loro klawan nglakoni carokowalik, merui tumurune aksoro HO nganti NGO lan minggahe aksoro NGO nganti HO, tataran kaping telu diarani ilmu rajah kolo cokro kang sinebut petak asio-sio yoiku kang dadi pratondo cahyaning Guru pribadi utawi Guru Sejati, tataran ingkang kaping papat diarani nglungguhke ratu, tataran ingkang kaping limo klawan nyumurupi ilmu caroko kawedar kang mbabar kesejatiane aksoro HO lan aksoro NGO, tataran ingkang kaping enem diarani njumenengake guru sejati ing alam kajaten, tataran ingkang kaping pitu diarani ilmu pangracutan meruhi kesejatianing Hurip.
2.    Ingkang kaping pindo matirtobroto alias topo kungkum: tegese, kungkum ono sakjeroning banyu, kanti niat ngedusu sedulur papat kelimo pancer, ngedusi badan wadak lan badan alus, tapi kuduo dadi pangeleng-ngeleng sejatine topo kungkum iku ono loro wernane yoiku topo kungkung kang sifat wadak lan topo kungkum kang sifat gaib. Onoto manfagate topo kungkum iku ono limang perkero, yoiku kanggo anggayuh ilmu kang piningit, kanggo ngresiki jiwo lan rogo minongko dadi lantarane tobat kang sejati, kanggo ngelerem howonefsu, kanggo nyumurupi kesejatiane alam gede lan alam cilik kang gumelar.  
3.    Ingkang kaping telu topo angin yoiku dzikir daim lan wirid daim kanti dalan kayu gung susuhing angin: tegese, kanti niat kang kuat megeng metu lan mlebuning nafas kang disebut olah nafas ono sakjeruning jejantung kang sifat wadag lan a sifat gaib sarono nafas, tanafas, angfas, nufus kanti eleng marang Gusti Kang Akaryo Jagad.
4.    Ingkang kaping papat kudu betah luwe kang kasebut tarakbroto utawi poso: tegese, kudu nglakoni lan merui kesejatiane poso yoiku poso kang sejati, endi kang kasebut poso lan endi kang kasebut laku ora mangan lan ora ngombe kang dhiarani laku tarekbroto. Sebab poso lan tarekbroto iku sejatine mirip tapi ora podo. Poso kang sejati yoiku poso kang wus kawedaraken kalian Kanjeng Bagindo Nabi Muhammad Saw, eleng-elengen poso kang miturut Kanjeng Nabi iki koyo-koyoto enteng tapi gede banget sawabe, ora biso disebutke tapi iso dibuktekke kelawan ilmu pangracutan kang nyoto. Onoto tarekbroto ora mangan lan ora ngombe iku macem-macem wernane koyoto laku muteh, nglowong, ngrowot, ngidang, ngebleng, patigeni, lan sakpiturute.
5.    Ingkang kaping limo yoiku kang pamungkas kudu betah melek eleng marang Gusti Kang Akaryo Jagat: tegese, kudu melek motone kang wujud wadag lan moto kang wujud gaib kanti dalan eleng marang Gusti Kang Purbo Waseso.
Mengkono iku wedaring tarakbroto kang wus dilakoni poro gung binanthoro ing tanah Jawi nalikaning jaman kino nganti sakpriki kanggo sarono nampi kanugrahaning Gusti Kang Moho Waseso.



LAKUNING SUMARAH DENENG PRABU JOYOBOYO KANG KAWEDAR ING SAK NGAJENGIPUN GERBANG TINATAR[3]
Oleh: P. Waskito

Dhuk nalikaning jaman semono, jaman sang Begawan Warono rumasuk ing ngalam suryonyuri, kang wus ginaris marang Gusti Kang Moho Suci, bade merui yo sang Prabu Joyoboyo, Prabu Kencono sekti yo sang Prabu Baguskeling. Nalikaning sang Begawan Warono wonten sak ngajengipun gerbang tinatar, raonok sak kedeping mripat wujud manungso gede prabawane, yo sang Prabu Baguskeling.
  Sang Prabu Baguskeling ngendiko mengkene, e Begawan Warono, opo siro eleng marang ingsun yo ingsun kang minongko ratu gung binathoro kang ngratoni tanah Jawi jaman kino yo ingsun kang reraton ing nagari Keling yo ingsun iki kang jejuluk sang Prabu Joyoboyo yo sang Prabu Baguskeling.
E Begawan! Tekane ingsung ing kene minongko dadilantaran kanggo medarake opo iku kang kasebut Sumarah, sumarah iku sikap sifat lan laku, lan sumarah iku kang minongko dasare lan bumining tarak broto ateges tarakbroto iku biso sampurno minongko lelambaran ngango laku sumarah, sumarah iku orakor sareh tapi kudu duweni sikap pasrah, pasrah kang sejati marang Gusti Kang Moho Suci tegese kudu Ikhlas lan Sabar marang opowae kang diparengke marang siro.[4]
Begawan! lamonto siro iso nindaake laku sumarah kanti sampurno mugo-mugo siro isoo nampi kanugrahaning Gusti Kang Moho Agung kanugrahan kang gede manfagate, drajat kang duwur sarto kamulyan dunyo lan akhirat, opo kang di karepke lan kang Ngarepke dadi klawan ridhaning Gusti ALLAH.



SEJATINING LAKU, SOPO SING NGLAKOKNE LAN SOPO SING NGLAKONI, BEGALAN GEDE SAKNALIKANING TARAKBROTO
Oleh: P. Waskito

Sejatine laku iku yo kudu dilakoni, tapi asale laku iku soko kang nduweni laku, tegese sing menehi pituduh lan kekuatan tor sing nglakoni iku sejatine yo sing duweni laku iku, dadine kabeh wau sejatine wes manunggal, lah manungso iku kor ngakoni wae tapi sejatine sing nglakokke yo ingsun kang sejati.
Begalan gede kanggone wong kang lagi nandang laku ingkang kaping pisan yoiku ngakoni nek dewee wus nglakoni, maksute ora duweni adab, yoiku laku kang wes dilakoni iku kudune dibalekke marang Gusti Kang Moho Akaryo Jagad, tapi lahir batine ngakoni nek sing nglakoni iku dewee dewe, ingkang kaping pindo yoiku rumongso nek dewee luweh suci ketimbang makhluk-makhluk liane ateges rumongso paling apik, rumongso paling bener, ingkang kaping telu yoiku rumongso opo kang diucapke pribadine mesti mandi tor mustajab kerono lakune padahal mustajabe mau dudu soko lakune tapi soko sinungge Gusti Kang Moho Akaryo Jagad kang salah sijine sabab musabape dilewatake soko laku.



TENAGA DALAM MURNI DAN TENAGA DALAM 4 DIMENSI
Oleh: P. Waskito. S.Pd.I

Tenaga dalam murni (manusia dengan kemanusiaannya), selalu berhubungan dengan logika (olah pikir) dan logistic (makanan/stamina), sehingga dengan sering malakukan latihan tenaga dalam selayaknya diimbangi dengan makan yang cukup untuk kebutuhan tenaga tubuh karena membangun tenaga dalam pada jasmani (raga) banyak membutuhkan asupan gizi.
Tenaga dalam 4 dimensi pengolahannya dengan melakukan melek wengi (kurangi tidur), banyak puasa (kurangi makan), banyak dzikir dan wiridan, nyepi karena yang diperkuat adalah daya gaib pada roh manusia, dan ini lebih besar kekuatannya. Sehingga perlu diingat baik-baik tentang kebutuhan primer atau makanan roh dan cara memperkuat dan daya-daya yang dimiliki roh.   
    
HASTABRATA

“Suryo, Condro (bulan), Ndaru (lintang alian), Kartiko (bintang), Angin, Geni, Banyu, Bumi”
Oleh: Bpk. Abu Wiyono
  1. Matahari = memberi tanpa meminta kembali atau tidak mengharapkan apa-apa. (topo suryo/mandi suryo/njukok doyo suryo).
  2. Bulan = menerangi tidak membakar (ceria, wajah berseri-seri).
  3. Bintang = memberi petunjuk (mengajarkan ilmu pada orang, menehi obor marang wong kang kepetengan).
  4. Ndaru (lintang alian) = berani hijrah (jasmani rohani), mencari persesuaian (lintang aliyan, aliyan lintang).
  5. Udara = luwes, mancolo putro mancoloputri, mengisi segala ruang dan lini, tau semua komponen masyarakat (tau orang main tapi tidak ikut main, kenal pencopet tapi tidak ikut nyopet) .
  6. Air = adil (karena sifat air akan tetap rata dan kebawah kembali kelaut /sangkan paraning dumadi, ALLAH SWT/) dan jika air sudah terkonsentrasi pada satu titik semua bisa hancur.
  7. Api = tegas, membakar sesuai dengan porsinya, tegak dan lurus ke atas.
  8. Bumi = memberikan yang terbaik, selalu menghasilkan yang baik walaupun diberi hal yang kurang baik.
                                                                  
3 TINGKATAN ILMU

  1. Kanoman atau kanuragan= kebal, kuat, Tinatah mandat jinoro menter, di antara kanoman dan kasepuan adalah caroko walik.
  2. Kasepuan adalah wejangan yang membuat hidup tenang tentram dan damai, di antara kasepuan dan  Guru Sejati adalah caroko kawedar.
  3. Guru Sejati adalah mengenal diri secara mendalam, air suci perwitasari/lailatul qadar, Di antara kasepuan dan Guru Sejati adalah caroko kawedar, kemudian mengenal ALLAH SWT secara benar.




Sepuluh Laku Hidup Menurut Panembahan Purboyo
(Disarikan Dari Sepuluh Tataran Wirid Purbayan Wotgaleh) 
Oleh: P. Waskito







[1] P. Waskito, Anggota Perguruan Girisuci Waris Mataram, Suluk Lintang Kolo Sekti, Wedaran Lakune Topobroto Kang Kawedar Deneng Ki Lurah Semar Bodronoyo Ing Ngatase Telogo Ciptoning, Yogyakarta: 2012.
[2] Ditulis dengan huruf besar sebagai tanda bahwa sesungguhnya semua laku tarakbroto itu yang menjalankan (sing nglakokke) adalah Gusti Kang Akaryo Jagad, walaupun secara lahir seakan-akan manusialah yang melakukan.
[3] Gerbang Tinatar kang minongko gerbang gaib, kabisone merui klakon ngango dalan ilmu pangracutan.
[4] Salah satu pantangan dalam menjalankan tarakbroto adalah menuruti amarah, mudah tersinggung, mudah hasut dan dengki mudah punya prasangka buruk serta merasa paling baik dan paling suci.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar